Ringkesan 2

Judul         : Ningkatake Kerukunan Beragama

Pangripta  : Koessunaryono


Pencetake  : Karunia


Taun terbit : 1989


Panggon penerbitan : Surabaya





Ringkesan :

Yulianto salah sijining murid klas 6 ing SDN Arjosari. Dheweke salah sijining bocah kang dianggep teges lan wicaksana. Mula ora maido yen dheweke kapilih dadi ketua kelas. Kaya biasane ing SDN Arjosari bocah-bocah diwajibake nabung kang asipat sukarela. Yulianto tumuli kanda marang kanca-kancane uga kepala sekolah yen nduweni panemu arep tuku wedhus minangka kanggo Qurban. Usule Yuliato mau disetujoni dening kanca-kancane, uga disetujoni dening kepala sekolah. Esuke tabungane kanca-kancane klas 6 kang agama Islam padha dikumpulake dadi siji. Ora suwe Yosep ngelungake amplop kang isine dhuwit hasil saka tabungane kanca-kancane kang agama Kristen. Sidane murid klas 6 mau bisa wujud dadi wedhus berok kang lemu ginuk-ginuk. Nganti dina Hari Raya Natal kangho mageti wiyosane Gusti Yesus wes tekan titi wancine. Yulianto nyalami Yosep karo ngucapake "Selamt Hari Raya Natal". Sawise mengko dheweke banjur menehake kotak kerdus isine kuwe tart saka kanca-kancane kang agama Islam marang Yosep.

Amanat/pepeling :
Kerukunan  kang asipat mulya mujudake kerukunan beragama kang kena tinulad dening umat beragama ing bumi nuswantara lan umat beragama ing saindhening jagad.



Nur Annisa Mulia
8G/33
SMPN 26 Surabaya

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Cerkak Panjebar Semangat

Cerkak Panjebar Semangat

Ringkesan 1