Ringkesan 1
Judul : Nasibe Pak Samiun
Pangripta : Koessunaryono
Pencetake : Karunia
Taun terbit : 1989
Panggon penerbitan : Surabaya
Ringkesan :
Amanat/pepeling :
Kudu sabar, ekhlas lan nerima urip iki. Kudu ati-ati yen arep ngelakoni apa wae lan kudu tanggung jawab marang apa sing dilakoni.
Nur Annisa Mulia
8G/33
SMPN 26 Surabaya
Pangripta : Koessunaryono
Pencetake : Karunia
Taun terbit : 1989
Panggon penerbitan : Surabaya
Ringkesan :
Pak Samiun sawijining tukang becak kang manggon ing kampung Arjosari. Dheweke akeh langganan. Meh sabendinane dheweke ngeterake langganane kang dumadi saka bocah sekolah dasar. Ing antarane langganane mau, ana Asri lan Yani. Kaya biasane, esuk iku pak Samiun wis teka ing omahe pak Pawiro, wong tuwane Asri lan Yani. Nanging esuk iku polatane katon suntrut. Bareng didangu apa sebabe dene katon susah, pak Samiun matur yen ora bisa mbayar SPP-ne anake kang isih kelas 6. Pak Pawiro kadudut panggaline, mula klawan ekhlas, pak Samiun tumuli diparingi dhuwit dening pak Pawiro minangka kanggo mbayar SPP-ne anake. Nanging tekan omah dhuwite ceblok ing dalan. Dumadake ana colt mlaku banter nyambar pak Samiun. Colt iku mau ora gelem mandheg, nanging malah ninggalake korbane. Pak Samiun seda ninggalake anake lan bojone. Anake pun diangkat dadi anake kepala sekolahe anake.
Amanat/pepeling :
Kudu sabar, ekhlas lan nerima urip iki. Kudu ati-ati yen arep ngelakoni apa wae lan kudu tanggung jawab marang apa sing dilakoni.
Nur Annisa Mulia
8G/33
SMPN 26 Surabaya
Komentar
Posting Komentar