Postingan

Cerkak Panjebar Semangat

Gambar
Judul  : Ngompreng Pangripta : AS Yasman 15 Juni 2013 Ringkesan : Ngompreng jaman saiki yen dibandingake rong puluh taun kepungkur pancen geseh banget. Jaman semana penumpang nggoleki angkot, nanging saiki angkot sing ngenteni penumpang. Nggagas tekan samono Paiman sopir angkut jurusan Tayu-Pati iku mesem kecut. Ora maido wis meh sakjam ngetem ing terminal Pati durung genep penumpange, lagi ana wong lima sing numpak. Dikomandho kernete, Paiman ing wiwit mau keturon ing jok sopiran gragapan terus nyetater angkutane, nggrempet lon-lonan metu saka terminal. Paiman ora nggetuni nasib, jer kabeh mau wis tinakdir dening sing Akarya Jagad saisine. Paiman minggirake minibuse awit dipepet lan disasmita supaya minggir dening pawongan sing nggango seragam pulisi lalu lintas. Nanging Paiman ora sida ditilang amarga pak pulisi sakno dening Paiman. Minibus bali tleser-tleser mecaki dalan aspalan rendheng, lon-lonan lakune supaya ora kejeglong. Kabeh mau diayahi kanthi rasa syukur ...

Ringkesan 3

Gambar
Judul           : Kedadean Banyuwangi Pencetake : Karunia Jaya Panggon cetak  : Surabaya Ringkesan  : Ing jaman riyen wonten tlatah Jawa Timur gesang raja lan permaisuri ingkang sami-sami tresna. Kados pundikemawon permaisuri menika ugi anggadani paras engkang ayu lan gemati dening keluargi. Gejaba menika piyambake ugi setiya sanget dening garwanipun. Permaisuri caos pirsa dateng raja menawi sakjroning raja kesah wonten tami saking keraton sanes. Nanging nalikaning raja badhe nemoni tamu punika, dumadakan raja mireng menawi tamu kasebut akrab dening permaisuri. Kedadean menika anggawe raja duka uga cemburu lan nuduh permaisuri sampun selingkuh kaliyan tamu punika. Sinambi nangis banjir eluh permaisuri criyos yen permaisuri mboten salah. Permaisuri badhe nyemplung ing kali, menawi mangke toya mambu busuk, nandake tuduhan raja menika leres. Nanging menawi toya kali wangi, nandake tuduhan raja mboten leres. Sawise kedadean kasebut, kali panggen ti...

Cerkak Panjebar Semangat

Gambar
Judul          : Sambunging Lelakon Pangripta  : Suryadi WS 22 Juni 2013 Nalika mulih saka Kampus Unwidha, Setyadi kandheg kepalang sepur. Dheweke ketemu bacah wadon kang mirip Fitriani, tresnane Setyadi kang patang taun uga ketemu. Iku dudik Fitriani, nanging Fitriana, kembaran e Fitriani. Fitriani yaiku wong kang ditresnani Setyadi lan wis patang taun ora ketemu. Setyadi diajak Fitriana menyang desa klairane gawe ketemu Fitriani. Setyadi diajak mlebu makam, iku makame Fitriani. Sawise dadi guru, Fitriane dadi bojon dosen. Nanging dosen mau iku ketanggor awatak kasar lan angkuh. Urpe adoh saka kamulyan, kepara tansah mangan ati, merga sering di ina dianggep wong deaa kurang mriyayi. Akhire Fitriani kecandhak lara jantung. Fitriana diparingi amanah tekan Fitriani yaiku kudu bisa nresnani Setyadi kaya Fitriani nresnani Setyadi. Wiwit kuwi Fitriana mulai tresna marang Setyadi saderenge ketemu. Akhire dheweke urip bebarengan kanthi seneng. Nur...

Ringkesan 2

Gambar
Judul          : Ningkatake Kerukunan Beragama Pangripta   : Koessunaryono Pencetake  : Karunia Taun terbit : 1989 Panggon penerbitan : Surabaya Ringkesan : Yulianto salah sijining murid klas 6 ing SDN Arjosari. Dheweke salah sijining bocah kang dianggep teges lan wicaksana. Mula ora maido yen dheweke kapilih dadi ketua kelas. Kaya biasane ing SDN Arjosari bocah-bocah diwajibake nabung kang asipat sukarela. Yulianto tumuli kanda marang kanca-kancane uga kepala sekolah yen nduweni panemu arep tuku wedhus minangka kanggo Qurban. Usule Yuliato mau disetujoni dening kanca-kancane, uga disetujoni dening kepala sekolah. Esuke tabungane kanca-kancane klas 6 kang agama Islam padha dikumpulake dadi siji. Ora suwe Yosep ngelungake amplop kang isine dhuwit hasil saka tabungane kanca-kancane kang agama Kristen. Sidane murid klas 6 mau bisa wujud dadi wedhus berok kang lemu ginuk-ginuk. Nganti dina Hari Raya Natal kangho mageti wiyosane Gu...

Ringkesan 1

Judul         : Nasibe Pak Samiun Pangripta  : Koessunaryono Pencetake   : Karunia Taun terbit : 1989 Panggon penerbitan : Surabaya Ringkesan : Pak Samiun sawijining tukang becak kang manggon ing kampung Arjosari. Dheweke akeh langganan. Meh sabendinane dheweke ngeterake langganane kang dumadi saka bocah sekolah dasar. Ing antarane langganane mau, ana Asri lan Yani. Kaya biasane, esuk iku pak Samiun wis teka ing omahe pak Pawiro, wong tuwane Asri lan Yani. Nanging esuk iku polatane katon suntrut. Bareng didangu apa sebabe dene katon susah, pak Samiun matur yen ora bisa mbayar SPP-ne anake kang isih kelas 6. Pak Pawiro kadudut panggaline, mula klawan ekhlas, pak Samiun tumuli diparingi dhuwit dening pak Pawiro minangka kanggo mbayar SPP-ne anake. Nanging tekan omah dhuwite ceblok ing dalan. Dumadake ana colt mlaku banter nyambar pak Samiun. Colt iku mau ora gelem mandheg, nanging malah ninggalake korbane. Pak Samiun seda ninggalake anake lan...