Postingan

Menampilkan postingan dari Februari, 2018

Cerkak Panjebar Semangat

Gambar
Judul  : Ngompreng Pangripta : AS Yasman 15 Juni 2013 Ringkesan : Ngompreng jaman saiki yen dibandingake rong puluh taun kepungkur pancen geseh banget. Jaman semana penumpang nggoleki angkot, nanging saiki angkot sing ngenteni penumpang. Nggagas tekan samono Paiman sopir angkut jurusan Tayu-Pati iku mesem kecut. Ora maido wis meh sakjam ngetem ing terminal Pati durung genep penumpange, lagi ana wong lima sing numpak. Dikomandho kernete, Paiman ing wiwit mau keturon ing jok sopiran gragapan terus nyetater angkutane, nggrempet lon-lonan metu saka terminal. Paiman ora nggetuni nasib, jer kabeh mau wis tinakdir dening sing Akarya Jagad saisine. Paiman minggirake minibuse awit dipepet lan disasmita supaya minggir dening pawongan sing nggango seragam pulisi lalu lintas. Nanging Paiman ora sida ditilang amarga pak pulisi sakno dening Paiman. Minibus bali tleser-tleser mecaki dalan aspalan rendheng, lon-lonan lakune supaya ora kejeglong. Kabeh mau diayahi kanthi rasa syukur ...

Ringkesan 3

Gambar
Judul           : Kedadean Banyuwangi Pencetake : Karunia Jaya Panggon cetak  : Surabaya Ringkesan  : Ing jaman riyen wonten tlatah Jawa Timur gesang raja lan permaisuri ingkang sami-sami tresna. Kados pundikemawon permaisuri menika ugi anggadani paras engkang ayu lan gemati dening keluargi. Gejaba menika piyambake ugi setiya sanget dening garwanipun. Permaisuri caos pirsa dateng raja menawi sakjroning raja kesah wonten tami saking keraton sanes. Nanging nalikaning raja badhe nemoni tamu punika, dumadakan raja mireng menawi tamu kasebut akrab dening permaisuri. Kedadean menika anggawe raja duka uga cemburu lan nuduh permaisuri sampun selingkuh kaliyan tamu punika. Sinambi nangis banjir eluh permaisuri criyos yen permaisuri mboten salah. Permaisuri badhe nyemplung ing kali, menawi mangke toya mambu busuk, nandake tuduhan raja menika leres. Nanging menawi toya kali wangi, nandake tuduhan raja mboten leres. Sawise kedadean kasebut, kali panggen ti...